This site uses cookies from Google to deliver its services, to personalize ads and to analyze traffic. Information about your use of this site is shared with Google. By using this site, you agree to its use of cookies. Learn More

[Javanese] Pidato Babagan Kasarasan (Kesehatan)

Assalamu'alaikum Pada kesempatan kali ini, saya ingin berbagi teks pidato Bahasa Jawa buatan saya sendiri. Pidato ni saya buat untk Ujian Praktik Bahasa Jawa saat saya kelas IX SMP. Nostalgia nih. Bagi yg butuh inspirasi dlm membuat pidato Bahasa Jawa bertema kesehatan, ni nih pidatonya.

WIGATINIPUN NJAGI KASARASAN WAJA KAGEM REMAJA
Dening: Sari Rahmah Handayani (17/9G)

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarrakatuh
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah. Saha Bapak lan Ibu guru. Para staff TU, para dwija, pangarsa ingkang kula urmati. Sesepuh lan pinisepuh ingkang kula urmati ugi. Saha adhik-adhik siswa SMP Negeri 1 Purbalingga ingkang kula tresnani lan kula banggaaken. Namung sakderengipun, ingkang rumiyin sumonggo tansah ngunjukaken puji syukur wonten ngarsaning Gusti Allah SWT. Gusti ingkang Maha Agung. Injih awit panjenengan dalasan kula tasih pinaringaken kempal manunggal ing mriki wonten ing adicara “Wigatinipun Njagi Kasarasan Waja kagem Remaja” kanthi pinaringan kasarasan saha kawilujengan, Aamiin. Para rawuh ingkang kinurmatan. Kula selaku Ketua Pengurus Besar Persatuan Dokter Gigi Indonesia, kawula jumeneng ing mriki badhe ngaturaken pinten-pinten bab ingkang wonten gandheng cenengipun kalih wigatinipun njagi kasarasan waja kagem remaja khususipun. Njagi kasarasan waja punika wigati sanget. Kenging napa? Amargi ndadosaken tiyang saged anggadaih ambakan ingkang seger, eseman ingkang sae ugi waja ingkang bersih lan putih. Mboten sekeca bilih wonten remaja ingkang anggadaih waja ingkang kuning, ugi ngantos sami tanggal. Lelabuhanipun tiyang sepah kaliyan guru kagem remaja inggih punika kagem motivator lan maringi informasi babagan ngrawat waja ingkang sae. Sedaya remaja putra lan putri piyambak ingkang mandegani kagem njagi lan ngrawat waja. Setunggaling tiyang diwastani sehat menawi kagungan waja lan tutuk ingkang sehat. Amargi kagem waja ingkang mboten sehat saged ndamel penyakit sanesipun. Riskesdas 2007 nglaporaken 75% penduduk Indonesia nglampaih kenging karies waja. Adhik-adhik ingkang kula tresnani, Wonten pinten-pinten bab ingkang sederhana ingkang saged adhik-adhik lampaih piyambak kangge ngrawat waja. Ingkang utami sami nyikat waja kaping kalih sedinten. Nyikat waja ngagem odol ingkang ngandung flouride lan mboten ngandung deterjen. Kapan wekdal ingkang tepat kagem nyikat waja? Saksampune maem ingkang pokok lan ajeng mapan sare. Adhik-adhik ingkang kula tresnani, Kula yakin adhik-adhik siswa SMP 1 Purbalingga mboten wonten ingkang ngrokok, aja nganti! Amargi ugi saged ngotorake waja lan saged ndamel kanker. Aja kaluwihen ngonsumsi anggur merah, panganan ingkang kathah gulanipun, panganan ingkang ngangge glepung, kopi lan teh. Amargi panganan lan nginuman niku ingkang adhik-adhik konsumsi kathah, saged ndamel risaking waja. Ngonsumsi buah lan sayur ingkang saged mbersihake waja, kaya apel, wortel, lan seledri. Jaganen kasarasan waja kita sedaya. Adhik-adhik, pisan malih kula tegasaken, aja nyepelekake babagan keresikan waja lan tutuk! Adhik-adhik supaya mriksakake waja ingkang rutin, saben enem wulan sepisan. Kasarasannipun waja iku wigati sanget. Aja dilalekake! Lewih apik nyegah daripada ngobati. Kula kinten naming mekaten ingkang saget kula aturaken mugi-mugi sanget ndadosaken pepenget tumrap kita sedoyo lan ambok bilih agen kula matur katah kekuranganipun, kula nyuwun agenging pangapunten, ingkang mboten mranani ing panggalih. Ing lebet badan ingkang saras enten jiwa ingkang kiyat.
Wassalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarrakatuh
Bahasa yg digunakan pd pidato tersebut adlh Bahasa Jawa krama alus. Bahasa krama alus biasa digunakan untk berbicara kepada yg kita hormati / yg lebih tua. Oya hanya mengingatkan saat berpidato posisi badan harus tegap, dan gerakan tubuh tak boleh berlebihan tapi tetap komunikatif. Mohon koreksinya jika ada kesalahan / kekurangan dlm pidato tersebut ;) Maturnuwun
Wassalamu'alaikum

source : http://kompas.com, http://shirunomi.blogspot.com, http://viva.co.id

0 Response to "[Javanese] Pidato Babagan Kasarasan (Kesehatan)"

Post a Comment

Contact

Name

Email *

Message *